Kolam renang disamping rumah

Kolam renang tidak hanya sebuah mimpi, bila Anda mau meraihnya

Ruang tamu yang elok

Biarkan tamu merasa betah bertandang kerumah Anda

Ruang pribadi yang indah dan menyenangkan

Memanjakan diri itu perlu, keperluan pribadi yang tercukupi akan menjadi hidup lebih releks

Ruang tidur bernuansa kesegaran alam

Istirahat dengan kuwalitas bagus, diri Anda dimanjakan untuk rehat, keletihan Anda akan diganti dengan kenyamanan

Ruang keluarga yang ceria

Rumahku istanaku, menjadi idaman setiap orang, termasuk Anda juga

Tampilkan postingan dengan label Ningrat ?. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Ningrat ?. Tampilkan semua postingan

Senin, 23 Januari 2012

Mindset Borju

Kawula Alit, arane wong cilik, sing asring disepelekake. Sing rumangsa dadi ningrat lan duwe pangkat biasane lali sapa sejatine. Manungsa kalaerake jebrol jabang bayi kabeh pada. Pada-pada kawulaning Gusti Inkang Maha Agung, pada-pada sangang sasine. Nanging yen wis bisa mikir, ngrasake lan pilaku, lha kok terus malangkrik, mathing-mathing, sakkarepe dewe, nyepelekke marang wong liya.
Lha ya mbok pada dilaras, sing mbedakake kuwi ya mung pikiranne manungsane dewe. Mula ta mula, aja dumeh ana ing papan nduwur terus ora bisa tiba, uga ing pungkasane urip kabeh bakale tilar, bali mulih neng papan kelanggengan ora nggawa apa-apa.

Urip sing maton, pancen sira pinasti kalairake dadi yogane wong tuamu. Sira ora isa milih njaluk di lairke sapa, saiki sing penting, awit saka pangerten iku mau, pada elinga yen rumangsa dadi "ningrat" nduwe "pangkat" aja terus ngideg-ideg titah sing kalair dadi wong lumrah.

Pamikir sing kaya ngono kudu diowahi, cikben urip dadi panutan marang turun kang uga dadi becik ati, rasa, pamikir lan tindak tanduke.

Rupa elek, ayu, nyengsemake lan sakpitungale kuwi pada bae, pungkasane mesti mati.
Sing kere, sugih, gombal lan sing lagi di paringi jatah mulyo lan duwe kuasa, elinga sira uga pada ngenteni gilir urip tekane pati.